Wongtuwa Stres Merbawani Marang Anak
Duwe anak pancen nyenengake. Nanging, ati-ati nyedhaki anak nalikane kita lagi nandhang stres. Sebabe, bayi apadene anak-anak bisa nangkep sinyal negatif iki lan merbawani marang kesehatane si bocah.
BELLA durung ganep setaun omah-omah wis
kanugrahan momongan lanang. Nanging, keri-keri iki dheweke nembe nyadhari bab
kang narik marang anake. Nalikan Bella nandhang stres, bayine melu-melu rewel.
Contone nalika dheweke lagi kesusu-susu ndulang anake ing tengahing iwut
tumandang gawe. Bayi umur wolung sasi kuwi uga malah angel diatur.
“Dheweke
malah dadi kerep nlepeh panganane lan angel glegeken. Banjur nalika dakdulang
maneh, dheweke malah nesu ora gelem” kandhane Bella kang uga wanita karir
kasebut. Ora mung Bella kang ngalami bab iki, menawa wae kita kabeh uga nate
ngalami bab iki.
Kamangka,
bayi isih keciliken anggone bisa mangerteni omongan kita. Nanging, nyatane
dheweke landhep pangrasane marang emosi lan mood-e
wong tuwane. Dadi, aja gumun yen wongtuwa lagi stres, banjur mengaruhi marang
bayine.
Bab
iki dikandhakake dening Andrew Garner MD, sawijining dokter anak saka Fakultas
Kedokteran Case Western Reseve University. “Nalika wongtuwa lagi bingung,
anak-anake uga bisa katut stres,” kandhane Andrew kang uga minangka anggota
Perhimpunan Dokter Anak Nasional iki. Bab kasebut manut Andrew, adhedhasar
panaliten kang wis ditindakake, becik marang manungsa apadene kewan. Bayi lan
anak-anak mujudake titah sing paling landhep pangrasane.
Yen bayi nemen
strese lan urpe geger wae, mula pungkasane bakal marang konsekuensi jangka
panjang. “Dadi mangkane, nalika wongtuwone keli ing pamikire dhewe, mula
kawigatene marang bayi utawa anak dadi kurang. Bab iki ndadekake bayi dadi kasisih lan wedi,”
kandhane Andrew.
Anak-anak uga sinau
saka apa kang dideleng utawa kang sinebut ‘tindakan imitasi’. Yen dheweke weruh
wongtuwane stres, anak iku uga bakal niru. Andrew aweh eguh pratikel marang
wongtuwa supaya ngontrol strese. Carane, klawan narik napas sing landhung
klawan itungan 10. Yen wongtuwa ora kasil ngontrol stres, bisa wae anak dadi
seneng mbengok, nyonto lageyane urip ora sehat, lan wegah srawung.
“Kabeh iki
bisa dumadi marang saben umur,” kandhane Sandra Weiss PhD DNScRNFAAN. Pnaliten
kang ditindakake Sandra nemokake yen ibu nuduhake tandha-tandha stres,
anak-anak sing umur rong taun upamane, uga bakal nuduhake tandha-tandha kang
padha.
Malah,
kedadeyan stres iki bisa ngowahi perkembangan uteke si anak. “tubrukan kang
suwe marang hormon stres bisa mengaruhi marang uteg lan fungsi tinamtu,”
tandhese.
Sandra
njlentrehake rerangkene conto. Sebut wae “racun” stres iki bisa ngganggu
sirkuit ing utek lan mengaruhi perkembangane. Dhuwure tingkat hormon stres bisa
menet respon imunitase badan. Badan uga dadi gampang kaserang penyakit.
Kira-kira kita
mikir merga saben dinane kita entekake klawan deadline ing kantor, lan mulih ing kahanan stres, kita mitayakake
kesehatan mental sang bayi. Kamangka, dudu iku masalahe. Bayi kanthi pinter
bisa ngrasakake wongtuwane apa nandhang stres kayadene bayine Bella.
Bayi utawa
anak-anak ngalami owah-owahan ketege jantung lan derajat hormon. Nanging, yen
wong tuwane utawa wong sing ngrumat aweh kenyamanan marang dheweke, dheweke
bakal sinau ngontrol stres sing namani. Lan iki mujudake kemampuan urip kang
wigati.
Sing wigati
saiki yaiku supaya wongtuwa bisa ngatur tingkat strese. “Dadi, bayi kita ora
kena pengaruhe sres kasebut. Klawan mangkono, kahanane ora perlu tambah kaco
maneh,” kandhane Sandra. Ya sing genah, yen bayi ora ketaman stres, dheweke
bakal tanggap marang kita. Mangane dheweke bakal luwih akeh, uga turune bakal
angler alias wis ora rewelan.
Sumber:
Panjebar Semangat, #8
25 Pebruari 2017
No comments:
Post a Comment